close
Menyang kontèn

Andrew Andika

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Andrew Andhika
LairMuhammad Andrew Andika Fatturahman
PakaryanArtis, DJ
Taun aktif2001 - saiki
BojoCitra Kirana

Andrew Andika (lair ing Bandung, Jawi Kilèn, Indonesia, 10 Juli 1987; umur 39 taun).[1] Andrew Andika ngugemi agama Islam.[1] Andrew Andika punika salah satunggaling juru main filem Indonésia.[2] Andrew Andika punika artis blasteran Amérika saha Pakistan.[2] Wiwitanipun bapakipun Andrew Andika boten remen manawi Andika punika akting.[2] Nanging ibunipun ingkang gadhah asma Aty Fiscter ingkang manggihaken bakat seni putranipun.[2] Wiwitanipun akting nalika Andrew Andika ngeteraken réncangipun kanggé casting wonten ing salah satunggaling prodhuk iklan.[2] Boten nyono manawi Andrew Andika ingkang dipunpeksa ndhèrèk kaliyan pihak penyelenggara ingkang kapilih dados bintang iklan prodhuk coklat.[2] Sasampunipun punika kathah tawaran ingkang dipuntampi Andrew Andika kanggé dados bintang iklan.[2] Kirang langkung dangunipun satunggal taun, Andrew Andika wira-wiri Jakarta-Bandung.[2] Kajawi iklan, Andrew Andika ugi pikantuk tawaran kanggé akting wonten ing sinétron.[2] Andrew Andika naté dados bintang ing sinétron kanthi irah-irahan Bintang di Surga.[2]

Andrew White ugi akting dados tokoh Fadli wonten ing sinétron kanthi irah-irahan Dia Anakku ingkang dipunsiyaraken kaliyan salah satunggaling stasiun tivi swasta Indosiar.[3] Wonten sinétron punika, Andrew Andika akting kaliyan artis Aryani Fitriana, Estelle Linden, Marini Burhan, Paramitha Rusady, saha Gracia Indri.[3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 kerenabiz.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 13 September 2011)
  2. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 tabloidnova.com Archived 2010-07-30 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 13 September 2011)
  3. 1 2 tabloidnova.com Archived 2010-12-08 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 13 September 2011)