close
Menyang kontèn

Kangchenjunga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kangchenjunga
Èlevasi8,586 metres (28,169 ft)
Prominèn3,922 metres (12,867 ft)
Isolasi124 kilometres (77 mi)

Kangchenjunga (Nepali:कञ्चनजङ्घा Kanchanjaŋghā) SewaLungma (Limbu) iku gunung paling dhuwur angka 3 ing donya sawisé Gunung Everest lan Chogori) kanthi èlevasi 8.586 mèter (28.169 kaki). Gunung iki uga minangka gunung paling dhuwur angka 2 ing Nepal. Kangchenjunga tegesé "Lima Harta Karun Salju, amarga dumadi saka 5 pucuk, papat ing antarané nggayuh punjul 8.450 mèter dhuwuré. Harta karun iku nglambangaké 5 barang gadhah déwa ya iku emas, pérak, permata, biji-bijian lan kitab suci. Kangchenjunga karan Sewalungma sajeroning basa Limbu lan dianggep suci sajeroning tradhisi agama Kirant. Telu saka 5 pucuké (utama, tengah, lan kidul) mbatesi wewengkon Sikkim Lor saka distrik Sikkim, India lan Distrik Taplejung ing Nepal, lan 2 liyané dumunung ing Distrik Taplejung. Saliyané iku wewengkon iki uga didadèkaké Kangchenjunga Conservation Area Project déning World Wildlife Fund Archived 2007-06-30 at the Wayback Machine. , kang nglindhungi satwa Panda Abang, manuk, lan tuwuhan khas Nepal. Pérangan India uga duwé wewengkon kang dilindhungi ing Taman Nasional Khangchendzonga.

Jeneng-jeneng pucuk:

Nama puncakDhuwur (m)Tinggi (k)
Kangchenjunga Utama8.58628.169
Kangchenjunga Barat (Yalung Kang)8.50527.904
Kangchenjunga Tengah8.48227.828
Kangchenjunga Kidul8.49427.867.
Kangbachen7.90325.925

Rujuukan

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]